tolong berikan contoh bacaan yang mengandung tembung saroja dan tembung plutan
B. Daerah
adikianislami
Pertanyaan
tolong berikan contoh bacaan yang mengandung tembung saroja dan tembung plutan
1 Jawaban
-
1. Jawaban hellen9gci
Ini yang tembung saroja digaris bawahi, yang tembung plutan dibold ya.. :
MANTEB.com - Sawijine aksi COLONG JUPUK pit montor ing parkiran SMA Negeri 1 Jetis Bantul, kasil kerekam dening Camera CCTV duweke sekolah. Jrone aksine, pelaku cacah 2 mlayu kanthi numpak pit montor jinis Honda Tiger duweke sawijine siswa kang lagi melu kegiatan ing sak njabane jam pasinaon.
Ing SMA Negeri 1 Jetis iki kedadeyan sawijine aksi COLONG JUPUK pit montore sawijine siswane, kang ditindakake dening pelaku cacah 2 kang mujudake spesialis colong jupuk. Aksi colong jupuk kasebut kedadeyan ing sak njabane jam pasinaon amarga nalika iku dina prei sekolah. Miturut Kepala SMA Negeri 1 Jetis, Herman Priyana, nalika aksi colong jupuk kasebut kedadeyan,sakehing siswa lagi nggelar kegiatan olah raga ing komplek sekolah.Tanpa dimangerteni dening pelaku, aksi colong jupuk kasebut kasil kerekam Camera CCTV kang dipasang dening sekolah ing parkiran. JRONE nindakake aksine, pelaku mlebu menyang parkiran sma negeri siji jetis watara jam 1 awan. Sadurunge nindakake aksine ing sawetara wektu pelaku ngawat-awati kahanan sakiwa tengene. Sawise watara sepuluh menit nindakake pangawat-awatan, wusanane pit montor jinis honda tiger kanthi nomer polisi AB 6846 DL, duweke salah sawijine siswa langsung digawa mlayu.Sawetara, kasus kasebut wis dilapurake marang pehak kepolisian lan samengko wis ditangani jajaran Reskrim Polsek Jetis. Miturut Kanit Reskrim Polsek Jetis, Aiptu Pardini, adhedhasar modus operandi kang ditindakake, pelaku cacah 2 kasebut mujudake pelaku lawas. Amarga, nalika mlebu menyang sekolah lan ngevakuasi pit montor sasarane katon ora kesusu. Pelaku uga kalebu ahli lan ora mbutuhake wektu kang suwe kanggo ngurupake pit montor korbane. Samengko, jajaran reskrim isih tansah niti PRIKSA kanggo miyak dhalang kasus COLONG JUPUK kasebut. (Purwanto Bantul)